Saturday, March 26, 2011

Today......

I want to share something to world today...
I've made this "janturan" text since one week ago... so I want to share.... (FYI Janturan is an opening part that tells us about the opening of story in a kingdom).. this janturan tells us about Dwarawati.. check this out:

Swuh rep data pitana, hanenggih negari pundita kang kaeka adi dasa purwa. Eka ateges siji, hadi linuwih, dasa sepuluh, purwa ingkang awiwitan.
Sanadyan kathah titahing dewa ingkang kasingan akasa, kasangga pratiwi, kaapit samodra laya, kathah ingkang sami anggana raras, nanging datan kadi nagari Dwarawati, Dwaraka, ya Maheralaya.
Sinebut negari Dwarawati, satuhu dadi palawanging jagad nuswantara. Uga sinebut Dwaraka satuhu dadi papan pambuka wenganing rahsa. Maheralaya, mahera ateges sorot, laya iku pati, ingkono dunungin pepadhang urip sepisan nganti tumekaning pati.
Minangka bebukaning carita, pranyata Negara Dwarawati iku negara kang panjang, punjung, pasir, wukir, loh jinawi, gemah ripah, karta, tata, lan raharja. Tuhu negari kang ngungkuraken pareden, nengenaken pasabinan, ngasataken segara, ngurug rawa-rawa,miwah ngayunaken bandaran agung.
Loh ateges subur tinandur, jinawi iku murah apa kang tinuku. Mula ripah tegese para titah ingkang sami dedunung aneng salebeting negari katingal jejel apipit, tepung cukit taritis, mila papan wiyar katingal rupak awit raharjaning negari. Karta ateges para titah datan kirang sandhangan, pangan, kaliyan papan. Tata ateges para kawula tata tentrem atine, uga ateges tata ing hukum kalawan undhang-undhang. Tembung raharja tegese negari Dwarawati tebih marang parangmuka, miwah para mantri, bupati tan samya bijaksana, limpat ing kawruh, putus wajib pangolahing nata.
Adedhasar negara Dwarawati iku negara kang padhang jagade, jero tancepe, dhuwur kukuse, adoh kuncarane tur jembar jajahane. Kathah para raja, adipati, bupati, lan titah mancanagari ingkang kagum, sumuyut sumawita mring Sang Narpati.
Sinten ta ingkang lenggah wonten ing dhampar kencana, mboten liya inggih sang Prabu Sri Bathara Kresna, ya Sang Padmanaba, Cakrapanu, Kesawa, Danardana, Janardana, Narayana, Harimurti, Wisnumurti, Mahendrasiwi, Reksakaning Bawana.
Jejuluk Kresna, amergi cemeng sarirane, trus mbalung sungsum ludirane. Padmanaba ateges sekar sumorot, awit Sang Nata gadhah sekar wijaya kusuma, yaiku sekar panguripane para titahing jawata. Ajejuluk Cakrapanu mergi sang nata anggadhuh pusaka Cakrabaskara, pusaka pangleburing durangkara. Kesawa  tegese panah linuwih, Danardana tegese kendhat denira dedana. Janardana artine wong sugih dadi sakciptane. Narayana asring damel pepadhang maring para titah janma manungsa. Harimurti limpat ing ajur ajer. Wisnumurti, tuhu Wisnu sawantah. Mahendrasiwi ateges yogane Dewi Mahendra, Reksakaning Bawana mengku werdi surya baskaraning jagad.
Nalika semana Sang Nata kaadep dening putera satriya Parang Garuda, Raden Harya Samba ya Wisnubrata ya sang Kilatmaka. Bagus warnane, wasis yen micara, tue limpat ing pasanggrahita. Sinambung ing wuntat satriya ing Lesanpura,  Sang Raden Harya Setyaki, Sencaki, Singamulangjaya, Bima Kunthing, Wresniwira, Yuyudana, ya Tambakyudha,. Gegaman pusaka Gada Wesi Kuning, sang Raden dados bebentenging negari, banteng keraton, lan paksi narendratama. Datan kantun warangka nata nenggih Patih Udawa, putra Widarakandang, kang amarikelu konjem bantala denira marak mangarsa nata. Datan kantun raka nata ing Mandura Prb. Baladewa, ya Balarama, ya sang Wasi Jaladara, ingkang caket mring Sri Nalendra.
Ing sasanasumewa ander para mantri bupati nayaka miwah sentanananing praja tan ana kang gothang pasebane. Ambelabar ngantos dumugi sajawining tratag, kadi andhoyong-ndhoyongna pancak sucining alun-alun, kadhesek kang samya nangkil, abra busanane wadya kaya ta sekar setaman kang lagi mekar.
Ing alin-alun pepanjen umbul-umbul bandhera lelayu, payung agung bawat tinon angendhanu pindha mendhung.
Mangkana pangandikaning sang Nata lamun kapanduk ing lesan

and today i have the list of Javanese Gending for world:
  • Ktw Puspawarna
  • Ktw Sri Narendra
  • Ktw Pocung
  • Ktw Puspanjala
  • Sinom Parijotho
  • Sinom Nyamat
  • Pangkur Nyamat
(FYI: Ktw means Ketawang)

And later I will join some fellas from SMA Kolese De Britto and Jogjakarta residents for the earth hour @ Tugu Jogjakarta from 20.30 till 21.30 than off to Magelang to meet Grannies and play gamelan with my best friend Samuel "Kojek" Cahyo...

That's all for today, Hong Wilaheng Awighnam Astu Purnama Sidham. And I upload some old pictures, from last year show at SMA Kolese De Britto with the lakon Kikis Tunggarana.. I'm the one with blue-purple Surjan and the Keris (the Dalang / Puppet Master)

 after the show, with my Guru, friends that play the gamelan, grannies, and relative

 the powerful sindhen


 from behind the screen

 action one

 action two
(thanks to Krishna "Lambe" Wardhana)


after the show

2 comments:

  1. oalahhh.. ndak ngerti aku bahasa nya :P

    ReplyDelete
  2. hhahahahahahahaha..... mboten napa2 mbakyu..

    ReplyDelete